May 06, 2011

Piye carane sinau Bakulan FOREX (dalam tulisan JAWA NGOKO))



"Find helpful articles on the Internet can about FOREX trading also find some useful ideas. There are a number of web sites today that the issue of foreign currency exchange is dedicated, so much content on the Web in general not be difficult. Find sources that offer links to other resources, or a bibliography at the end of the article. These tools help you to more resources that are more useful trade secrets yield".


John Casement (mbuh aku dewe sakjane ra ngerti sopo wong iki) takon: Nek awakmu serius nginvest nang pasar asing utowo FOREX, awakmu yo kudu sinau piye carane utowo trik sak wokeh wuakeh e, daB. Dadi sakjane mbuka rahasiane bakulan utawa dodolan FOREX kuwi ora angel-angel banget koyo sing dipikirke uwong. Bar iki ono imbuhan utowo keren ne saran kanggo modal perewangan sinaune awake dewe ben ora nganggo suwe alias cwepeeet

Panggonan sing apik kanggo sinau tips lan rahasiane ono neng Buku sing ngebahas utowo ngulas gang perkoro Devisa. Buku model koyo ngene iso dituku utowo nyilih (Ning ojo ndhangil lho dab!!). Buku Trading FOREX sing isine gang sejarah e, informasi lan ide-ide sing awake dewe butuh, bakal mancing awake dewe ‘tresno’ marang pikiran-pikiran utowo gagasan gang Dhodolan. Akeh untung e nduwe buku koyo ngene, mergane diulas tekan misale awake dewe ora duwe internet utowo perangkat elektronik.

Sementara ora usah diomongke gang bukeune yo dab, opo awake dewe tau takon nang Dealer opo ora gang Rahasiane FOREX sing paling nyemplik?? Padahal kerep pe wong sukses ki mergane wani takon lan wani resiko, orang mung meneng njuk keminter kae. Contone Pialang-pialang kae kudu akeh pengalamane nek kepingin sukses, Lha pengalaman kuwi enthuk ke soko takon kiwo tengen lan wani tumindhak. Makane awake dewe yo ojo ragu-ragu nek meh ngewiwiti bisnis, mulai takon nang Dealer gang invest sing cocok lan di pingini. Nek model e Dealer kae mesti seneng ditakoni karo calon investor e. Soale modal e kan pancen mbangun trah sing apik tur kuat, mergane bisnis model FOREX iso sukses nek kabeh pihak (Dealer utowo Investor) podo le tulung pinulung.

Jaringan utowo nggawe trah karo Investor njobo kono ugo cara sing wuapik tenan kanggo sinau coro numindhak ake modal men iso nggawe untung sing wokeh. Awake dewe isi nggolek Investor lewat kegiatan bisnis ning masyarakat utowo melu ngatut nang forum-forum online soko internet sing nawak ke cara lan strategi ne bakulan FOREX. Cara sing paling enthuk ide sing apik biasane liwat sumber tunggal, ning ojo lali tetep rembugan men awake dewe iso diwe reputasi kanggo langkah sesuk ke. Sing paling penting ojo keset utowo isin takon.

Rajin nggolekki artikel ning internet sing khusus mbahas gang Bakulan (Trading) FOREX ugo iso dadi ide sing akeh manfaate. Nggoleke yo ora angel, contone ono situs sing pancen pancet mung mbahas masalah “Ijol-ijolan Muthig antar Negara” (bohoso gaule money changing). Bar kuwi ojo lali ugo, ditelusuri catetan-catetan sing dadi dasar pembahasan artikel kuwi.

Semono dhisik bahasan gang Bakulan utowo Trading FOREX. Menowo isine mbingungi, yo nyuwun kathah pangapuranipun. Lha aku wae sing nggawe postingan bingung. Hehehe. Nembe njajal nek mosting nganggo Boso Jowo ki piye, rupane wuangel juga. Ora gampang nek koyo awake dewe omong-omongan. (Ditulis dengan susah payah oleh Johan Sastro).



. . .
Suka Artikel/Postingan ini? Klik Sponsor dibawah untuk mendukung eksistensi Blog

2 comments:

muhaimin said...

sugeng sonten pak? wah lagi bahas forex nih, itu hobi saya saya pak. jika terjun ke forex harus hati-hati,saya bisanya main forex menggunakan HP, jadi bisa dibawa kemana mana? saya pernah berlipat-lipat dapat. termasuk hp yang saya beli dari forex he he he, tapi jika gak hati-hati dalam hitungan jam bisa MC. selamat bertrading Ria

Idoen Brengkol said...

kawulo malah dereng mangertosi bisnis kados menika.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...